Nama : Ilham
Dwi Hatmawan
Kelas : 8D
Absen : 26
.......
Sinopsis :
Petugas
SPBU sing Eseme Pait Madu
Ana pemuda sing raine kuwe wis ora
patut angger urung duwe anak bojo. Ana ing sawijining dina, bubar dheweke
njemput ponakane, pemuda iki mampir marang SPBU kanggo ngadem lan ngisi bensin.
Ing SPBU kono ana petugas kang ayu raine. Jenenge yaiku Eni Nuraeni, petugas
SPBU sing olih predikat Best Operator.
Sebab dheweke kabukti rajin lan disiplin. Pertama ketemu karo Eni, pemuda iki
ora ngomong yen sing bubar dijemput kuwi sajane ponakane dudu anake. Mandan
suwe pemuda iki ngantri bensin, akhire gilirane dheweke. Pemuda iki arep ngisi
bensin sepuluh ewu. Bubar wektu kuwi si pemuda rajin banget ngisi bensin ing
SPBU kono.
Si pemuda balik maning marang SPBU
iku lan ketemu maning karo Eni. Kaya biasa dheweke mung ngisi bensin 10 ewu. Kanggo
basa-basi Eni malah takon kena ngapa ponakane kuwe ora dikon mangkat dhewek
bareng karo batire, nanging Eni nganggep ponakane kuwi anake pemuda. Ya
pitakonan kuwi malah ndadekake si pemuda karo Eni luwih raket. Bubar ngisi
bensin si pemuda balik menyang omahe. Nanging, kawit wektu kuwi dheweke wis
jarang ketemu karo Eni.
Wis suwe ora ketemu Eni, dheweke
kangen banget karo Eni. Akhire, dheweke ketemu karo Eni maning. Siki malah si
pemuda kepengin motore kuwi diisi sak karepe Mba Eni. Karo ngisi bensin Eni
nguja takon sekang ngendi pemuda iku. Dheweke malah nyauri yen bubar ketemu
karo batir wadone sing jarene ayu lan eseme nyengsemaken. Ora liya yen wektu
iku Eni luwih sering ketemu pemuda.
Sajane dheweke isin angger ditakoni
lan pitakonane kuwi nggawa-nggawa keponakane sing dianggep Eni kaya anake
dheweke. Meneng-meneng si pemuda seneng karo Eni lan pengin ngerti apa si Eni
iku wis duwe pacar apa urung. Pikirane kuwi malah nggawe dheweke puyeng lan
mbayangake raine Mba Eni wae.
Kanggo ngilangake rasa kengene
maring Mba Eni, dheweke nulis surat ing komputer, nanging ora sida. Pemuda iku
malah nulis naskah cerita. Niate cerita kuwi arep dikirim maring majalah
Penjebar Semangat lan angger olih dhuwit, dhuwite kuwi arep dianggo njajan karo
wong sing lagi dheweke seneng, Mba Eni.
Tolong Cantumkan Sumber !
Tidak ada komentar:
Posting Komentar